Rayuan Gombal Lucu Bahasa Jawa : Kowe wani ngegombal pakai kata kata
rayuan gombal dalam bahasa Jawa? Kepriben ora? Bahasa Jawa kuwi ora kalah kocak lucu nek nggo
guyonan rayuan gombal. Mungkin malah luwih mbanyol, ngalah ngalahi dagelan
pesbukers. Rapopo pede wae, nek ora lucu yo wis, ora rugi, ra usah mbayar ae
kok repot! Weh lha asemm tenan! Iki arep posting rayuan gombal bahasa jawa apa arep ngedumel?
Tenang, sabar disik ojo kesusu, mengko kesikut. Cepakno gombale disik sing
paling mambu pesing, nembe dolanan rayuan gombale mukiyo!!
Rayuan Gombal Lucu Bahasa Jawa 1.
+Lanang: Sliramu iku koyo gula..., manis
-Wadon: Halah gombal! Sampeyan kaya kopi luwak..., ilang kopine kari luwake.
+Lanang: Ojo ngenyek ngono tah, dek...
-Wadon: Maksudku kaya kopi..., ireng tur pait
+Lanang: Cocok. Gula dicampur kopi jian mantep tenan disruput wayah esuk
-Wadon: Opo maneh nek ora usah mbayar ya, mas?
+Lanang: Ora usah nyindir to dek... Karo langganan wae lho. Kasbon disik ya, totalan mburi
-Wadon: Wah, nek langgananku kabeh ngutang... iso bangkrut
warungku, mas..
(Walah!! Ngglethek ae. Tibakno gombalane wong lanang tukmis
karo bakule wedang kopi! Tuwas sing moco methentheng, hahaha... :v
Rayuan Gombal Lucu Koplak Bahasa Jawa 2.
+Lanang: Bapakmu tukang las pager ya?
-Wedok: Kok ngerti sih mas?
+Lanang: Mergo sliramu wis mageri atiku
-Wedok: Cah wadon liyane ora iso mlebu ya mas?
+Lanang: Iya dek... Kecuali bocah wedoke mlumpat pager
-Wedok: Kuwi jenenge maling, mas...
+Lanang: Pas mlumpat kuwi kathoke suwek
-Wedok: Terus sampean gepuki malinge?
+Lanang: Ora dek, mesakno
-Wedok: Terus sampean kapakno?
+Lanang: Tak plorotne pisan kathoke
-Wedok: Otakmu iku pancen mesum kok mas...
+Lanang: Mesum piye to? Karepku tak silihno kathoke simbah ngono lho...
+Lanang: Mesum piye to? Karepku tak silihno kathoke simbah ngono lho...
-Wedok: Lak yo mambu mbako susure simbah to mas... xixixi...
+Lanang: Yo mergo iku dek, karo simbah bocahe arep dinikahne karo aku
-Wedok: Hah? Terus aku piye mas?
+Lanang: Ojo kuatir dek... Sampean yo tak gawakno sempake simbah... ben diapek mantu pisan
-Wedok: Wegah....!! (banjur mlayu karo nangis, hahaha...)
Baca Juga:
Baca Juga:
Rayuan Gombal Lucu Ngakak Basa Jawa 3.
+Cowok: Tresnaku marang sliramu kaya Rama karo Shinta,
Yang...
-Cewek: (ndingkluk sajak isin isin kucing) Sampean iso ae,
Yang...
+Cowok: Umpamane sliramu ratu, aku rajane...
-Cewek: (salting) Tenane...
+Cowok: Sumpah!
-Cewek: (salto) Umpama aku kembang, panjenengan dadi apane?
+Cowok: Mesti dadi tawone
-Cewek: Wah, pantesan senengane ngantup ya, Yang...
+Cowok: Nek gak tak antup, sliramu apa yo iso manak pitu
-Cewek: Bener kuwi, Yang... Putune wae wis suwidak rolas
xixixi...
+Cowok: Lha iyo... Putune awake dewe iku nek nyeluk aku yo romantis kabeh kok, Yang... Eyang Kakung...
-Cewek: Aku yo diceluk Eyang Putri...
(Asem! Tuwas nggagas "Yang" kuwi sayang... Jebule Eyang!)
Kapokmu kapan diapusi karo republik gondes bolak balik,
wakakaka..... kel.. kel.. kell...!!
Artikel Terkait:
Artikel Terkait:
Wis rek... Cukup sakmene wae yo rayuan gombal lucu bahasa Jawa koplak bikin ngakak.
Kakean ngapusi wong nggarai nambah dosa. Lagian gombalku wis entek. Kari klambi
karo sempak thok. Nek tak nggo ngrayu pisan, terus aku bok kongkon ote ote
kayak wong edan ngono tah? Wis ya, liyo dino disambung maneh. Sepurane sing
akeh nek rayuane kurang maut. Sugeng ngguyu ngikik... kik kik kik......kabooorrr...
Post a Comment
Post a Comment